Translate

Sabtu, 18 Juni 2016

Upacara Adat Jawa Tengah Tedhak Siten

Tedhak Siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. 
Upacara iki ing daerah liya ing Nusantara uga ana, contone sing diarani upacara injak tanah ing  daerah Jakarta dening suku Betawi utawa uga ana sing ngarani “mudhu lemah” lan “udhun-udhunan” 

TEGESE TEDHAK SITEN 
Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak Siten nduweni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. 
Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara Tedhak Siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. 

SEBABE DIANAKAKE
Ing budaya Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab Tedhak Titen yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Dadi kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara ngenalake putra-putrine marang Bathara, kala minangka sing njaga lemah (dianakake upacara Tedhak Siten). Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton. 

UBARAMPE UPACARA TEDHAK SITEN 
Kaya dene upacara adat liyane Tedhak Siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku: 
  • Pengaron sing diisi kembang setaman
  • Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut 
  • Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata: pari sabengket, kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, perhiasan, lan liyane.
  • Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan 
  • Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang 
  • Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip sing arep dilakoni anak
  • Jadah pitung werna. Pitung werna yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna
  • Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka 
URUTANE UPACARA TEDHAK SITEN
Upacara adat Tedhak Siten dilakoni kanthi urutan kaya mangkene, yaiku:

  • Ingkang kapisan yaiku tedhak jadah pitung werna. Tedhak jadah pitung werna yaiku dilakoni kanthi mangkene: bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah pitung werna, yaiku: abang; putih; ireng; kuning; biru; ungu; lan jambon. 
  • Jadah ditata saka werna sing padhang nganti werna sing peteng. Punika perlambang, bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabรฉh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan. 
  • Ingkang kaping pindho yaiku munggah andha tebu arjuna. Bocah dituntun munggah tangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. 
  • Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab, lelakonipun apik lan seneng tetulung, mbela kabeneran, lan bakti kaliyan negara. 
  • Ingkang kaping katelu yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe. 
  • Ingkang kaping sekawan yaiku kurungan. Bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa. Ing njerone wonten akeh bandha-bandha (dolanan lan ubarampe pagawean) kayata pari sabengket, kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, kertas, gunting, pethet, lan akeh jinising perhiasan. 
  • Kurungan nglambangaken donya, dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik. Dolanan utawa ubarampe pagawean sing dipilih dening anak iku kaya tandha besuk bakal nduweni pagawean mau.
  • Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki. 
  • Ingkang kaping enem yaiku siraman. Bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)
  • Siraman iku kanggo nyuceni raga lan jiwa, muga-muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau. 
  • Ingkang kaping kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane. 

Dene ancase Tedhak Siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

TAG: teks upacara adat Bahasa Jawa, Tedhak Siten Bahasa Jawa

Inilah 11 Ucapan Maaf Jika Kamu Berada di Jepang


"Maafin ya," kalimat kayak itulah yang biasa kita dengar waktu orang Indonesia meminta maaf. Bagaimana pun konteks kalimat permintaan maafnya, kerap terselip kata 'maaf' karena memang Indonesia tak punya kosa kata lain yang menunjukkan permintaan maaf. Di Jepang, saat meminta maaf tergantung pada situasi dan kondisi.
Berbeda dengan Jepang, Negeri Sakura ini punya 11 kata permintaan maaf untuk aneka macam konteks. Iya, orang Jepang memang terkenal amat sopan....